Kedadeyan iki tak alami nalika aku isih umur limang taun.
Wektu kuwi aku bali saka sekolah kira-kira jam 10 esuk. Bali saka sekolah aku
langsung ganti klambi. Sawise ganti klambi aku langsung dolanan pasaran ning
ngarep omah. Pas aku lagi pasaran, aku weruh simbah kakung lagi ngedhuk
blumbang. Simbah kakung iki garwane adhine simbah putri ku, dadine ora saomah
karo aku. Aku langsung nyedhaki simbah, terus takon arep dinggo ngapa blumbang
kuwi. Simbah kakung ngandhani nek blumbang kuwi arep dinggo wadhah sampah,
banjur nek wes kebak, blumbange diurugi maneh. Jerone blumbang kira-kira siji
setengah meter. Aku langsung medhun, melu ngewangi simbah ngedhuk blumbang
kuwi. Satenane aku ora pengen ngewangi nanging aku mung pengen dolanan lemah. Serok
sing dinggo ngangkat lemah tak nggo dolanan, tak tancep-tancepke ning lemah. Tujuanku
mung pengen supaya blumbange tambah jembar ora malah tambah jero. Ngerti nek mung
tak nggo dolanan, aku diseneni simbah, banjur dikon munggah. Aku tetep ngeyel
wegah munggah, banjur lungguh dheprok ning lemah. Saking jengkele, simbah
munggah ninggal aku ning jero blumbang. Ditinggal simbah lunga, aku bengak
bengok njaluk tulung supaya diangkat metu. Ora ana sing nulungi, aku nyoba
munggah dhewe. Lagi salompatan, lemah sing tak goceki ambles, terus aku tiba
dheprok. Bokongku lara banget amarga sing tiba bokongku dhisik.
Ngerti nek aku kangelan munggah, simbah ngangkat aku
munggah. Sawise isa metu, aku langsung wisuh terus maem. Sawise maem aku turu
awan. Wektu turu awan, jebule udan deres banget. Wektu aku tangi turu, udane
isih deres tapi ora deres banget. Aku penasaran kaya ngapa bentuke blumbang
sing tak kedhuk mau. Pas banget, ning ngarep omah ana payung, aku langsung
jupuk payunge banjur niliki. Aku ora ngerti ning ngendi pas e blumbang mau
amarga plataran omahku banjir. Pas aku mlaku alon-alon, ndilalah blumbange kuwi
ning ngarepku persis. Aku kejlungup mlebu ning blumbang sing kebak banyu. Aku glagepen
amarga aku ora isa nglangi. Aku bengak bengok jaluk tulung, tapi ora ana sing
krungu, amarga swaraku kalah karo swarane udan. Untunge pakdheku metu lungguhan
ning lincak ngarep omah. Pas arep lungguh, pakdhe ku weruh ana payung ngambang
ning plataran omah. Pakdhe ku nginguk ning ruang tamu niliki aku isih turu apa
wis tangi. Delok nek aku wis ora ana, pakdhe ku langsung mlayu marani payung
mau. Tanganku sing ngranggeh-ngranggeh, dicekel karo pakdhe ku. Aku terus
dibopong didelehke ning jero omah. Lambe ku wis biru, lan raiku wis pucet. Krungu
ana rame-rame, simbah putri karo ibuku metu niliki. Delok kahanan ku kaya
ngono, simbahku banjur jupuk andhuk terus nggaweke teh panas. Andhuk disampirke
ning awak lan sirahku, banjur aku dikon ngombe teh panas karo guluku dipijeti
simbah supaya banyu sing keombe metu kabeh. Wektu kuwi rasane aku arep nangis,
nanging ora isa amarga aku kadhemen. Bareng awakku wis ora teles lan ora
kadhemen maneh, aku didusi nganggo banyu anget. Sawise kuwi aku dikon teturon
ben awake anget maneh. Aku tetep ora kapok niliki blumbang kuwi mau saben bar
udan deres. Kedadeyan iku malah nggawe aku luwih ati-ati nek arep niliki
blumbang sing ora ketok amarga kebak banyu.