Kamis, 21 September 2017

Resensi Serat Pakeliran Jangkep Lampahan Parta Krama


Panyusun : Ki Purwadi
Penerbit : CV. Cendrawasih
Taun Terbit : 2001
Cacahing Kaca : 136

Serat Pakeliran Jangkep Lamphan Parta Krama menika samakipun ngangge kertas ingkang bahaipun radi tipis saengga kertas menika gampil suwek. Wernanipun sampul ugi gampil ilang (pudhar). Bukunipun dipunjilid ngangge teknik pengeleman.

Buku menika nyariosaken babagan Prabu Baladewa ingkang kepanggih Prabu Kresna ing Dwarawati. Kekalihipung ngrembag babagan kramanipun Sumbadra. Prabu Kresna pengen bilih Sumbadra krama kaliyan Arjuna, ananging Prabu Baladewa pengen bilih Sumbadra kedah krama kaliyan Burisrawa. Prabu Kresna ngemutaken Prabu Baladewa bilih dhaupipun temanten kedah mawi bebana rerenggan kembar mayang parijatha, kayu kalpataru dewandaru jayandaru ing kaswargan. Pangaraking temanten nitih kreta kencana, pangarih widadara lan widadari, kinurmatan ungeling gangsa lokananta ingkang munya ing ngawang-awang panabuh para Jawanta, saha mawi srah-srahan maesa andanu ules pancal panggung cacah satus kawandasa.

Paraga lampahan menika wonten Prabu Kresna, Prabu Baladewa, Punakawan, Arjuna, Puntadewa, Werkudara, Duryudana, Sengkuni, Prabu Bisawarna, lan sak piturutipun. Lampahan menika ugi ngangge alur maju.

Buku menika saged dipuntumbas kanthi regi Rp17.000,00. Miturut kula, regi semanten sampun pas kaliyan isinipun saha wujudipun buku menika. Kaluwihan saking buku menika, nyariosaken babagan Arjuna ingkang badhe krama kaliyan Sumbadra. Nanging wonten buku menika mboten dipuncariyosaken lampahan Arjuna krama kaliyan Sumbadra.

Saran saking kula, menawi damel buku, saenipun ngangge kertas hvs pethak, ampun ngangge kertas burem, amargi kertas burem menika ndadosaken tingalan gampang pedhes saha pamaos ugi gampil kraos ngantuk.

Mugi-mugi resensi menika saged migunani saha bilih wonten basa ingkang kirang trep saha ingkang salah kula nyuwun pangapunten. Maturnuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar