Rabu, 13 September 2017

Resensi Buku "Serat Kidungan Kawedhar"


Tema Buku : Sastra Jawi
Judul Buku : Serat Kidungan Kawedhar
Penerbit : Proyek Penerbitan Buku Sastra Indonesia dan Daerah
Taun Terbit : 1979
Kitha Terbit : Jakarta
Kandelipun Buku : 170 kaca
Panganggit : R. Wiryapanitra

Serat kidungan menika anggitanipun suwargi Kanjeng Sunan Kalijaga. Isinipun inggih menika amengku kawruh pujiyan utawi kawruh padhukunan ingkang kapendhetaken saking daya pakartining gaib. Buku menika kaperang dados 2 versi, kaca 7-98 kidungipun dipunserat mawi basa Jawi lajeng dipunandharaken mawi basa Indonesia. Kaca 101 dumugi pungkasan, sedaya tetembungan dipunserat mawi basa Jawi.

Buku menika ugi ngandharaken lelampahan utawi tindak tanduk ingkang kedah dipunlampahi supados nggadhahi gesang ingkang tentrem saha saha lir saking sedaya kacilakan. Buku menika trep kangge tiyang ingkang mboten saged basa Jawi ananging nggadahi pepengenan kangge nyinauni kidungan anggitanipun suwargi Kanjeng Sunan Kalijaga. Buku menika ugi trep kangge tiyang ingkang badhe sinau babagan tata basa saha tata makna ingkang gayut kaliyan kidungan. Kekirangan saking buku menika, inggih menika bukunipun sampun mboten dipuncetak malih, saengga buku menika namung wonten sekedhik ing perpustakaan utawi ing toko buku, saha tampilan sampul buku menika kirang menarik.

Mekaten resensi buku "Serat Kidungan Kawedhar" saking kula. Wonten lepat utawi basa ingkang kirang trep, kula nyuwun pangapunten. Maturnuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar