Lare tiga utawi sekawan
sami ambasang kemiri ngalih utawi nigang let satebah-tebah kapanjangaken
pinindha sawer, ingkang ngajeng piyambak kaethokaken minangka sirah, lajeng
katuju saking ing pentasan mawi kaundhi ingkang kedah nuju rumiyin sarta mawi
wicanten: dhas thek, luthek (endhas entek, gulu entek) tegesipun: bilih panujunipun
angsal sirah utawi gulu, sapangandhap kadarbe sedaya, ananging sanadyan namung
angsal dhadha, utawi sanesipun sapangandhap inggih ugi kadarbe sedaya, dene
bilih cupet boten dumugi watesing basangan nama: jedok wangsul panujunipun
nanging dhawah kantun piyambak, bilih panujunipun saking pentasan wau lepat
sedaya, menika gaconipun ingkang tebih piyambak saking basangan: ingkang nuju
rumiyin ambalik saking wingking, lajeng sor-soranipun, mekaten sapiturutipun,
ananging gaconipun ingkang celak saking basangan bilih badhe nuju rumiyin
inggih kenging, nama: amek, menika ngalih panggenan anyepuhi ingkang tebih
piyambak, bilih panujunipun lepat sedaya, utawi nyikal boten saged telas,
menika wangsul dipuntuju saking pentasan malih, nanging mawi amewahi wudhu ngalih-ngalih
malih, mila asring ngantos dados panjang dening boten kenging dipuntuju.