Bengkat menika
dolananing lare, ingkang dipunangge bendha, dipunbengkataken ing suku tengen
ngiringan lebet sacelaking jempolan tungkat kajinjitaken rumiyin lajeng
kagongingaken mangandhap angangkah kengingipun basangan bendha ingkang kapasang
miring, menawi kenging nama: umpuk, menawi lepat mangka bendhanipun gaco celak
kaliyan bendha basangan yen tebihipun 2 pecak nama : pandhik, yen tebihipun
namung sapecak nama: jugah, pandhik kabengkataken dhateng mengsahipun supados
tebih, nanging yen jugah : pejah, gentos mentas dene menawi tebihing gaconipun
langkung saking 2 pecak lajeng dipunangkahaken kengingipun basangan nanging
kedah lampah kaping kalih, menawi wicanten: jiji, lajeng wicanten malih:
opak-apik, salebetipun cunge: jiji, mengsahipun cungel pikji piksan pikgugji
gugbeh risan pukseh yarseh risan (pikji: opak apik jiji, piksan: opak apik
kapisan, pikgugji: opak apik sigug siji, gugbeh: sigug kabeh, risan: mariwisan,
pukseh: umpuk iseh, yarseh: tayar iseh, risan: mari wisan) utawi mungel:
lurdhung kil wayungan, gugbeh jegetasangwe (lurdhung: ulur ketundhung, kil
wayungan: sikil kiwa tayungan, gugbeh: sigug kabeh, jegetasan: sajege mentas,
sangwe: masang dhewe). Tegesipun: pikji menawi anggenipun jiji ngantos
ngengingi bendha ingkang kapasang, menika lajeng sigug sakancanipun sedaya,
sigug menika suku kiwa dipunpenthalitaken ing suku tengen, pangambahing siti
drijinipun dipunjinjitaken adamel
kidhunging pangangkah kathah lepatipun, dene lurdhung ingkang tumindak suku
kiwa, kosok wangsulipun ing nginggil, saya kangelan malih sarta saya kathah lepatipun,
mila salebetipun nuju mawi wicanten: ji, ji, jik, tegesipun menawi panujunipun
ngantos ngengingi ingkang dede leresipun: nedha pangapunten, ngamungna sapisan
menika kemawon, boten anglampahi kados wicanten ing mengsahipun wau, pundi
ingkang wicantenipun rumiyin, menika ingkang dados jiji wau namung ngangkah
celaking basangan dhawah wonten wingkingipun menawi saged nyamleng, basangan
bendha kajenthot supados saged dakentas dhateng ing pentasan, nama: umpuk,
menawi panujunipun lepat sakancanipun sadaya, gentosan mentas sarta gentos
basang, nanging menawi gadhah umpuk 1,2,3 utawi langkung, kedah katuju rumiyin,
bendha basangan dipuntumpuk lajeng dipuntuju ing tangan saking pentasan, menawi
kenging ngantos mawut, nama: tayar, taksih anglajengaken mentas malih, menawi
lepat saestu pejah, mila lare bengkat menika boten saged mengsahan ijen, kejawi
bilih ngrangkep bendha, apesipun kedah mengsahan lare kalih sami kalih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar