Minggu, 12 November 2017

Cirak Ula



Lare tiga utawi sekawan sami ambasang kemiri ngalih utawi nigang let satebah-tebah kapanjangaken pinindha sawer, ingkang ngajeng piyambak kaethokaken minangka sirah, lajeng katuju saking ing pentasan mawi kaundhi ingkang kedah nuju rumiyin sarta mawi wicanten: dhas thek, luthek (endhas entek, gulu entek) tegesipun: bilih panujunipun angsal sirah utawi gulu, sapangandhap kadarbe sedaya, ananging sanadyan namung angsal dhadha, utawi sanesipun sapangandhap inggih ugi kadarbe sedaya, dene bilih cupet boten dumugi watesing basangan nama: jedok wangsul panujunipun nanging dhawah kantun piyambak, bilih panujunipun saking pentasan wau lepat sedaya, menika gaconipun ingkang tebih piyambak saking basangan: ingkang nuju rumiyin ambalik saking wingking, lajeng sor-soranipun, mekaten sapiturutipun, ananging gaconipun ingkang celak saking basangan bilih badhe nuju rumiyin inggih kenging, nama: amek, menika ngalih panggenan anyepuhi ingkang tebih piyambak, bilih panujunipun lepat sedaya, utawi nyikal boten saged telas, menika wangsul dipuntuju saking pentasan malih, nanging mawi amewahi wudhu ngalih-ngalih malih, mila asring ngantos dados panjang dening boten kenging dipuntuju.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar