Tor punika dolananing
lare, banon tugelan kapasang dipuntuju saking pentasan kaliyan selo leter
sacekaping tangan mangang, nanging boten kagengen, utawi kaliten, menawi
panujunipun kenging nama: tor, nanging menawi katuju malih dhateng mengsahipun:
kenging, baul, wangsul mentas malih, sarta bilih kenging gaconipun nama: kutis,
inggih ugi wangsul mentas malih, nanging ingkang boten dipunkutisaken boten
kenging wangsul, menawi panujunipun boten kenging, namung celak celakan gaco
saking toran kemawon, ingkang tebih piyambak kawon, dipuntedhani gendhong
dhateng mengsahipun sadaya agentos gentos, punika nama tor unyik kojur, ingkang
menang lajeng nedha gendhong dhateng ingkang kawon, sarta lajeng ambucal
gaconing mengsah saking sanginggiling gendhongan, sarana dipunken mendhak,
tangan saduwa kaangsalaken ing dengkul, sarta dipunken megos, supados boten
makewed dipanujunipun, maei dipuntawekaken: moh, arep, menawi: moh, dipuntuju
saking nginggil, menawi kenging lajeng dipungendhong dumugi panggenaning gaco,
gaco kapendhet dipunulungaken saking ngandhap, mengsah taksih wonten nginggil
gendhongan, kados numpak kapal, menawi: arep, katuju saking ngandhap, menawi
kenging mengsahipun dipundhunaken, menawi lepat taksih dipungendhong sarta
mengsahipun lajeng ambucal gaconing mengsah malih, menawi lepat taksih
dipungendhong sarta mengsahipun lajeng dereng dipungendhong, makaten
salajengipun, ngantos satelasing mengsahipun, namung ingkang tor piyambak,
punika mawi dipungendhong saking basangan dumugi ing pentasan, bilih kakancan,
mawi tandhingan ageng alitipun ing lare, saupami lare sadasa lajeng kadamel
sala kawedhar, dados gangsal sisih, lajeng sami memengsahan, sinten ingkang tor
utawi gaconipun celak piyambak saking toran, punika ingkang menang piyambak
sakancanipun, patrapipun sami kemaron kaliyan tor unyik kojur, namung beda
selehing panggendhongipun bilih kancanipun sampun pejah sadaya (lepat
panujunipun)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar