Piwulang etika : Unen-unen menika ngemu teges menawi gesang ing donya menika kados rodha ingkang mubeng, kadhang kala kita saged ing dhuwur (jaya), kita ugi saged wonten ing ngandhap (asor).
Cak-cakanipun : Piwulang menika saged dipuncakake wonten ing dhirinipun kita piyambak, ugi saged dipuncakake ing antawisipun kita marang Gusti. Piwulang menika ngemutaken bilih kita kedah siyaga saha saged jagi manahipun piyambak-piyambak, menawi kita saweg ing inggil (jaya) kita boten kepareng kumalungkung, menawi kita saweg ing ngandhap (asor) kita ugi boten kepareng sedhih. Kita kedah caos sokur saha nyenyuwun marang Gusti.
Ngono ya ngono, ning aja ngono.
Piwulang etika : Tegesipun piwulang menika kita boten kepareng sawiyah-wiyah marang tiyang sanes amargi kita saged dipunmusuhi utawi dipunadohi kaliyan tiyang sanes ingkang wiwitanipun caos dhukungan dhateng kita.
Cak-cakanipun : Piwulang menika dipuncakake ing antawisipun kita marang tiyang sanes saha menawi kita ing masarakat. Menawi kita menang, kita boten kepareng kumalungkung, lajeng nindhes tiyang ingkang kalah menika. Kita kedah caos pambiyantu saha ngajak masarakat ingkang caos dhukungan marang kita caos pambiyantu ugi supados tiyang ingkang kalah menika saged dados kanca kita.
Giri lusi janma tan kinira.
Piwulang etika : Tegesipun piwulang menika kita boten kepareng ningali tiyang sanes namung saking ingkang katon ing mripat, awit sedaya manungsa menika sajatosipun sami.
Cak-cakanipun : Piwulang menika saged dipuncakake ing antawisipun kita marang tiyang sanes. Dereng mesti tiyang ingkang rasukanipun suwek-suwek, saha pasuryanipun peteng menika tiyang alit, saged kemawon menawi tiyang menika tiyang ingkang sugih ingkang remen ngagem rasukan ingkang kados mekaten.
Bacin-bacin iwak, ala-ala sanak.
Piwulang etika : Tegesipun, saala-alanipun sedulur, kita tetep kedah caos pambiyantu marang sedulur kita, amargi sedherekipun taksih sedulur kita.
Cak-cakanipun : Piwulang menika kedah dipuncakaken ing antawisipun kita marang sedulur kita. Kita kedah suka pambiyantu marang sedulur kita senadyan tindak-tanduking sedulur kita ala.
Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati.
Piwulang etika : Unen-unen menika gadhah teges menawi kita kedah bela menapa ingkang dados hak utawi jatah kita senadyan namung sekedhik, menawi gadhah hubungan kaliyan hak kita, kita kedah ngelawan.
Emban cindhe emban siladan.
Piwulang etika : Unen-unen menika ngemu teges tindakan ingkang boten adil. Tiyang remen nulungi tiyang ingkang dipunremeni kemawon, menawi tiyang ingkang ingkang boten dipun remeni boten dipun urus.
Cak-cakanipun : Piwulang menika kedah dipu cakake menawi kita dados pemimpin. Kita kedah adil marang masarakat ingkang kita pimpin, supados boten wonten ingkang ngraos meri saha ngraos boten dipun urusi.
Omong sing maton, aja mung waton ngomong.
Piwulang etika : Unen-unen menika tegesipun kita kedah njagi menapa kemawon ingkang badhe kita omongaken. Omongan kita menika boten kepareng ngawur saha kita kedah mangertos ing papan ingkang kados pundi menawi kita badhe ngomong. Ampun ngantos omongan kita damel laraning ati tiyang sanes.
Cak-cakanipun : Piwulang menika kedah kita cakake ing antawisipun kita marang tiyang sanes saha kita marang masarakat. Piwulang menika ugi kedah kita cakake ing dhiri kita piyambak supados menapa ingkang badhe kita omongaken sampun kita tata rumiyin saderengipun kita omongaken marang tiyang sanes.
Sangkan paraning dumadi.
Piwulang etika : Unen-unen menika tegesipun, manungsa menika tujuanipun namung setunggal inggih punika wangsul ing ngarsaning Gusti. Wonten ing donya punika manungsa namung nunut, menapa kemawong ingkang dipun gadhahi manungsa menika sajatosipun namung titipan saking Gusti.
Cak-cakanipun : Piwulang etika menika kedah dipuncakake ing antawisipun manungsa marang Gusti. Manungsa kedah legawa saha pasrah menawi menapa ingkang dipun pendhet dening Gust. Sedaya ing donya menika namung titipanipun Gusti.
Memayu hayuning bawana.
Piwulang etika : Unen-unen menika ngemu teges menawi manungsa menika kedah njagi alam saha saisinipun. Manungsa kedah ngerumat saha nguri-uri menapa kemawon ingkang wonten ing donya menika supados donya menika saged lestantun.
Cak-cakanipun : Piwulang menika kedah kita cakake ing antawisipun kita marang alam donya menika. Manungsa menika makhluk ingkang langkung sampurna menawi dipunbandhingaken kaliyan makhluk sanes, awit saking mekaten, kita kedah jagi kanthi estu donya menika.
Mikul dhuwur mendhem jero.
Piwulang etika : Unen-unen menika ngemu teges menawi kita kedah junjung jasa-jasanipun tiyang sepuh kita saha kaluputanipun kedah kita tutupi, amargi kita kedah ngurmati tiyang sepuh kita saha ampun ngantos kaluputan-kaluputan tiyang sepuh kita damel isin tiyang sepuh kita.
Cak-cakanipun : Piwulang menika kedah dipun cakake ing antawisipun kita marang tiyang sepuh kita piyambak.
Anjagakake endhoge si blorok.
Piwulang etika : Unen-unen menika tegesipun kita boten pareng jagakake menapa kemawon ingkang dereng kelakon. Menawi kita saweg nyambut damel, kita kedah usaha kanthi estu supados kita angsal rejeki, boten malah kita namung leyeh-leyeh jagakaken menapa kemawon ingkang dereng kelakon.
Cak-cakanipun : Unen-unen menika kedah kita cakaken ing dhiri kita piyambak-piyambak, amargi kita kadhang gadhah pikiran menawi rejeki menika sampun wonten ingkang ngatur lajeng kita boten gelem usaha supados menapa kemawong ingkang kita karepakeng saged kalakon. Kita kedah tetep usaha saha boten pareng namung leyeh-leyeh.
Banyu pinerang.
Piwulang etika : Unen-unen menika tegesipun saribet-ribetipun sulayanipun kita marang sedulur kita boten badhe pedhot pasedulurane.
Cak-cakanipun : Unen-unen menika kedah dipun cakaken ing antawisipun kita marang sedulur kita.
Dudu berase ditempurake.
Piwulang etika : Unen-unen menika ngemu teges tiyang urun rembug ananging boten trep kaliyan ingkang saweg dipun rembug. Sejatosipun kita kedah mangertosi rumiyin bab menapa ingkang badhe dipun rembug, ananginging kathah tiyang ingkang boten nggatekaken menapa ingkang saweg dipun rembug.
Cak-cakanipun : Unen-unen menika saged dipun cakaken ing antawisipun kita marang masarakat saha kedah kita pahami ngantos estu sanget supados menawi kita badhe urun rembug, saged caos pambiyantu dhateng tiyang sanes.
Berbudi bawa leksana.
Piwulang etika : Unen-unen menika ngemu teges menawi dados manungsa menika kedah konsekuen ing pacelathon saha ing tindak-tandukipun. Manungsa boten pareng mlenca-mlence saha kedah dedeg piadegipun.
Cak-cakanipun : Piwulang etika menika kedah kita cakaken ing dhiri kita piyambak-piyambak, amargi kita menika kedah tegas saha boten pareng mlenca-mlence. Menawi dados pemimpin, kita kedah tegas saha saged nindakaken menapa kemawong ingkang dipun tindakaken dening tiyang sanes ingkang kita ken garap tugas menika.
Kalah cacak menang cacak.
Piwulang etika : Unen-unen menika tegesipun menang utawi kalah, kasil utawi boten kasil, bakal dipun coba. Bab menika nedahaken bilih tiyang jawi gadhah tekad bakal angsal hal ingkang positif. Adatipun menika asring dipun ginakaken dening tiyang ingkang dereng pikantuk pagawean.
Cak-cakanipun : Piwulang etika menika kedah kita cakaken ing dhiri pribadi kita piyambak. Kasil menapa boten kasil menika urusan ingkang boten sah dipikir amargi kita sampun usaha.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar