Selasa, 31 Oktober 2017

Lunturing Basa Jawi Amargi Basa Asing Mliginipun Tiyang Mudha

Manungsa inggih punika titah individu saha sosial. Manungsa kedah sesrawungan kaliyan manungsa sanesipun. Wonten sesrawungan, manungsa mbetahaken basa kangge gineman. Miturut Kridalaksana (2001), basa inggih punika piranti kangge gotong royong, srawung, saha pitepangan.
Ing donya menika kathah basa ingkang dipunginakaken dening manungsa menawi saweg gineman. Saben tlatah saha negari gadhah basa piyambak-piyambak. Ing Indonesia wonten kirang langkung wonten 500 ngantos 700 suku bangsa.
Basa Jawi inggih salah sawijining basa kangge gineman ingkang dipunginakaken dening tiyang jawi. Basa Jawi punika dipunginakaken dening tiyang jawi ing pawicantenan ing saben dintenipun saha kangge caos uninga dening sanesipun, pramila tiyang jawi punika mangertos pawartos ing saben dintenipun. Basa Jawi menika inggih salah satunggaling warisan budaya ingkang kedah dipunlestantunaken saha dipunjagi amargi menawi boten dipunjagi basa Jawi saged ical saking tlatah Jawi.
Basa Jawi gadhah hak ingkang sami kados dening basa Indonesia. Miturut UUD 1945, basa Jawi badhe dipunurmati saha dipunjagi dening negari, kalebet pemerentah nagari saha pemerentah daerah. Kejawi menika, tiyang mudha Jawi kedah nglestantunaken basa Jawi supados basa jawi boten ical saking pulo Jawi. Basa Jawi inggih gadhah unggah-ungguh ingkang luhur, utawi tata krama ingkang nedahaken budi pakarti ingkang ngangge basa punika.
Kala rumiyin basa jawi punika basa ingkang luhur, sadangunipun wekdal, tiyang ingkang ngangge basa jawi tansaya sekedhik. Samenika tiyang mudha ing pulo Jawi kathah ingkang boten saged ngginakaken basa jawi. Kadadeyan menika saged kalampahan amargi kathah budaya asing ingkang mlebet ing pulo Jawi mawi makena warni cara, salah satunggaling cara inggih menika lewat televisi lan sapiturutipun.
Basa gaul, basa asing, saha basa saremenipun piyambak (campuran Jawi, Indonesia, Inggris) ingkang dipunginakaken njalari basa Jawi langkung boten dipuemut-emut malih.
Tiyang sepuh ugi sampun boten migunakaken basa Jawi ing pawicantenan ing kaluwarga. Langkung kathah ingkang ngajari basa Indonesia saha basa asing dhumateng lare-larenipun. Basa Jawi, punapa malih basa krama langkung dipunsupenaken.
Kadadeyan menika saged langkung parah amargi pamanggih tiyang mudha menawi basa Jawi menika basanipun tiyang desa, tiyang kuna, utawi tiyang ingkang boten modern. Tiyang mudha isin saha gengsi menawi ngangge basa Jawi lajeng langkung milih ngangge basa Indonesia utawi basa asing. Kathah tiyang mudha jawi ingkang boten ngangge basa Jawi menawi saweg gineman, nanging mangertos menawi dipunajak gineman ngangge basa Jawi. Menika jalaran wiwit alit para tiyang mudha boten migunakaken basa jawi, malah ngangge basa Indonesia.
Tiyang ingkang asring migunakaken basa Jawi ing pawicantenan saben dinten, ananging asring kesupen ngangge tataran unggah-ungguhing basa. Kathah tiyang mudha ingkang boten mangertos sopan santun dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh, utawi ingkang kedah dipun urmati. Perkawis ingkang salah menawi tiyang mudha migunakaken basa krama alus kangge awakipun piyambak.
Globalisasi menika nuntut tiyang mudha kedah saged nguwasani basa ingkang global. Tuladhanipun basa Inggris ingkang dipunangge saben dintenipun ing kitha. Prastawa menika ingkang damel basa Jawi tansaya dipunlalekaken. Kathah faktor ingkang dados perkawis basa Jawi kirang dipunsinaoni. Miturut Ipung (2011), faktor-faktor ingkang dados perkawis inggih punika:
  1. Tiyang mudhanipun piyambak
Tiyang mudha rumangsa isin ngginakaken basa Jawi wonten ing pawicantenan saben dintenipun. Ingkang njalari tiyang mudha rumangsa isin saged amargi tiyang mudhanipun tepang kaliyang tiyang mudha ingkang inggih isin menawi nggunem ngangge basa Jawi.
  1. Faktor kaluwarga
Tiyang sepuh ingkang caos piwulang dhumateng larenipun, lajeng larenipun ngecakaken menapa ingkang dipunsinaoni kaliyan tiyang sepuhipun. Tiyang sepuh malah langkung remen caos piwulang dhateng larenipun ngangge basa Indonesia. Wonten tiyang sepuh ingkang malah caos piwulang dhateng larenipun
ngagge basa Jawi ananging menawi tiyang sepuh menika gineman kaliyan tiyang sanes malah ngginakaken basa Jawi.
  1. Faktor Pemerentah
Pemerentah daerah boten gatekaken adicara ingkang nuju dhateng pelestarian basa Jawi.
    Masarakat Jawi menika kedah nglestantunaken budaya gineman ngangge basa Jawi. Sinten malih ingkang kedah njagi basa Jawi menawi boten masarakat Jawinipun piyambak. Ampun ngantos menawi basa Jawi sampun ical, masarakat saweg mangertos bilih budaya Jawi menika budaya ingkang adiluhung saha gadhah peran ing ndhasari saben tindakanipun tiyang jawi.
    Ing lingkungan kaluwarga langkung sae manawi tiyang sepuh caos piwulang dhateng larenipun supados larenipun biyasa gineman ngangge basa Jawi.
    Media masa inggih kedah nyiaraken adicara-adicara ingkang ngginakaken basa Jawi mliginipun ing tayangan lokal. Nanging muspra menawi peminat saking masarakat menika namung sekedhik. Pramila, para mudha kedah nonton adicara menika.
    Cara sanesipun supados budaya Jawi tetep lestantun miturut Rahardjo (2001) inggih punika:
  1. Caos piwulang dhateng lare-lare. Cara menika inggih cara ingkang wigati, supados lare-lare boten nganggep basa Jawi menika basa ingkang kuna, saha supados lare-lare biyasa ngginakaken basa Jawi.
  2. Langkung kerep ngginakaken basa Jawi ing pawicantenan saben dinten supados boten klentu anggenipun ngginakaken basa Jawi miturut unggah-ungguhipun ingkang leres.
  3. Caos piwulang ing sekolah-sekolah. Menawi basa Jawi dupunwulang ing sekolah-sekolah, lare-lare saged nyinaoni basa Jawi kanthi leres saha trep.

Daftar Pustaka
Ipung. 2011. Pantang Malu Menggunakan Bahasa Jawa, (Online), (https://www.ipung.blogspot.com)
Rahardjo, Maryono. 2001. Bahasa Jawa Krama. Jakarta: Pustaka cakra.
Kridalaksana, Harimurti. 2001. Wiwara Pengantar Bahasa dan Kebudayaan Jawa. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.

Sabtu, 28 Oktober 2017

Kinanthi



Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesonen sarira nira
Cegah dhahar lawan guling

Kamis, 26 Oktober 2017

Benthik



Benthik punika deling apus tutup ros, ing pucuk dipunobong sakedhik lajeng dipuniseni wedhi sakebakipun supados awrat, lajeng dipunsumpeli rapet, mawi janak kajeng gilig alit, panjangipun sacengkang.
Lare benthik mawi kekancan ingkang sami tandhingipun, ageng sami ageng, alit sami alit, utawi babag ageng alitipun, kadosta: lare sadasa kapilahan ngalih-ngalih dados gangsal rakit, tumunten adamel sala kawedhar, gangsal rakit wau pinalih dados gangsal sisih, inggih punika dados tandhinging mengsahan, lajeng kaundhi, ingkang kadhawahan undhi uthat rumiyin.
Uthat punika janak dipunselehaken ing selanipun banon tugelan jejer kalih, wiyaring gongganganipun namung sadeling ingkang kadamel benthik, tumunten katimbang ingkang sami wawratipun kaliyan pucuk benthik ingkang dipundekekaken ing ngandhapipun bongkotipun dipuncepengi ing tangan kalih, lajeng kalawataken kaliyan benthik wau dipuntampeni ing mengsahipun, menawi saged tetampen: pejah, menawi boten: benthik kapasang kaalangaken wonten sakiwaning banon, katuju ing janak, ingkang nuju nedha kagonggo utawi karapetaken kaliyan banon, punapa sasenengipun, menawi panujunipun kenging, mengsahipun lajeng uthat malih gentos gentos ngantos kaping gangsal, nanging menawi panampi sarta panujunipun lepat: pejah, mengsahipun lajeng wiwit odor, ambucal janak tebihipun kakinten sampun ngantos kenging dipunlumpati, lajeng dipuntalarong ing benthik, kentas sing janak males utawi gumulunging benthik pundi ingkang tebih punika pinilih dados watesipun odor ingkang kaping kalih, ngantos pejah lepat panujunipun, dipungentosi odoring kancanipun agentos gentos dumugi odor ingkang kaping gangsal, nanging menawi anggenipun ambucal janak kacelaken, kenging dipunlumpati, nama: dipuncengi, mawi dipunayati lumajeng saking katebihan, dumugi ing wates mancad siti kaserokaken bablas lumpatipun, menawi dumugi wates sisihipun: pejah, menawi cupet: taksih gesang sarta lajeng odor malih, mila lare benthik ngantos tebih purugipun, wangsulipun dhateng panggenan, ingkang menang dipungendhong dhateng ingkang kawon ilonipun saka wit piyambak piyambak ingkang babag ageng alitipun, inggih punika ingkang minongka toh, tumuntun ingkang kawon gentos ambucal janak agegentosan, menawi panampi sarta panujuning janak mengsahipun lepat, lajeng odor, nanging menawi tansah kenging, gentos ambucal janak, makaten salajengipun, pundi ingkang baud utawi begja: menang, kerep dipungendhong.

Rabu, 25 Oktober 2017

Liburan Ning Pantai

          Kenalke jenengku Bintang, aku arep nyritake pengalamanku wektu aku isih kelas 2 SMK. Liburan sekolah wis teka, rencanane aku arep liburan karo kancaku neng pantai Baron. Kancaku kui jeneng e Banu, wonge awake rada cilik tur rada ireng. Aku ngrasa ra sabar banget selak arep liburan ning pantai banjur takon karo kancaku. "Nu, sing lunga neng pantai dina apa ya?", "Ya sesuk minggu ta," wangsulane Banu. "Kok ora sesuk Kemis wae ngopo? Aku wes pengen banget neng pantai lho iki," takonku meneh. "Halah, mbok sabar to, sisan nglumpuke dhuwit sek, dhuwitku ra cukup nek mangkate sesuk Kemis," "Wah yo wis lah nek ngono, ayo saiki dolan neng omahku wae, sisan leren-leren ngombe es klapa, panas-panas ngeneki ketoke seger," akhire aku karo Banu mlaku neng omahku.
          Esuke aku dolan ning omahe Banu arep takon apa wae sek kudu digawa sesuk pas ning pantai. "Banu.. Banu.." "Mlebu wae, aku ning kamar," neng kono ana bapake Banu sing lagi maca koran. "Nuwun sewu pak, kula badhe teng kamare Banu nggih, " "O iya kana le, ket mau Banu ya mung neng jero kamar kui, tak kon metu ra gelem," "Oo.. Nggih pak," aku terus mlaku, mlebu neng kamare Banu. "Eh Nu, aku sesuk nek ning pantai arep nggawa klambi 5, clana 5, andhuk karo cemilan, kurang ora ya kira-kira," "Lhah dalah, kowe arep neng pantai opo arep pikinik nginep neng pantai je?" "Yo ora nginep lah, kan mangkat isuk bali sore," "Yo wis klambine karo clanane cukup 1 wae, ojo akeh-akeh," "Jane aku yo wis ngerti, aku kan yo mung arep ngetes kowe, kowe pinter opo ora," "Asem.. Kowe lali aku rangking 5 ning kelas?" "Rangking 5 seka ngisor to?". Aku dolan ning omahe Banu nganti jam 12 awan.
          Akhire dina sek tak tunggu-tunggu wis teka. Jam 4 isuk aku wis ngampiri Banu ning omahe. Tekan omahe Banu aku kaget, jebul Banu wis siap ning ngarep omah karo nggendong tas. "Weh tak kira kowe isih turu je Nu, hahaha," eceku. "Bu, kula kaliyan Banu badhe lungs wonten pantai Baron riyin nggih," ijinku karo ibune Banu sing lagi nyapu plataran omah. "Iya le, ati-ati, dalan ning Gunung Kidul bahaya, aja ngebut-ngebut ya," "Nggih bu." Aku diboncengke Banu merga dheweke wis nduwe SIM. "Jam semene kok adhem tenan to Nu, numpak e motor rada alon wae Nu, adhem tenan iki," "Nek alon-alon tekan pantaine sesuk Tang," "Wah, yo wis lah sak karepmu wae," wangsulan ku.

          Kira-kira wis 2 jam setengah anggonku numpak motor, nanging ora tekan-tekan. Aku takon karo Banu kok durung tekan-tekan, tapi dheweke mung ngekon aku sabar. Akhire aku wis tekan pantai sek tak tuju. "Akhire wes tekan, lhah iki pantai opo Nu? Kok apik? Ketoke iki udu pantai Baron deh?" takonku karo penasaran. "Yo pancen dudu pantai Baron, iki jeneng e pantai ngetun," "Pantes, ketoke pantai baron ora secilik iki karo ora eneng bukit pandhange barang." Akhire aku karo Banu dolan ning pantai kui nganti sore. Kira-kira jam 2 awan aku karo Banu mulih.