Kedadeyan iki tak alami
nalika umurku isih limang tahun. Wektu kuwi aku isih TK. Kurang luwih jam 10
esuk aku wis bali sekolah. “Ayo gek ganti klambi sek lagi dolanan, mengko
klambine reged,” kongkone ibuku. Rampung ganti klambi, aku weruh simbah kakung lagi
ngedhuk lemah. Simbah kakung iku bojone adhine simbah putriku, dadi ora saomah
karo aku. “Simbah kae lagi ngapa ya, kok ngedhuki lemah jero banget,” batinku
karo nyedhaki simbahku. “Mbah kok lemahe dikedhuki ki arep dinggo ngapa e?”
“Weh, kowe wis bali sekolah ta. Arep dinggo buang sampah le,” “Walah, kaya sek
kae pa mbah?” takonku maneh karo nuding blumbang sing ning jejere. “Iya, bener.
Tapi kuwi blumbange wis kebak,” “Nek tak ewangi oleh ora mbah?” “Oleh, oleh,
kana gek medhun,” jawabe simbahku. Aku medhung ning jero blumbang sing
kira-kira jerone siji setengah meter. Satenane aku ora arep ngewangi, aku mung
kepengen dolanan lemah. “Welah, kok seroke mung dinggo dolanan ta? Nek ngene
blumbange ora jero-jero,” ujare simbahku karo nesu-nesu. “Iki ben tambah jembar
mbah blumbange,” jawabku karo ngguya-ngguyu. “Wes kana munggah bae, mbangane
gur dolanan, mengko malah kepacul sikilmu,” “Wegah.. Aku isih pengin dolanan,”
jawabku karo dheprok ning lemah. “Ya wis kowe tak tinggal kene dhewe nek
ngono,” simbahku munggah, metu saka blumbang. “Paling mengko simbah mrene maneh
ngunggahke aku,” batinku karo neruske dolanan lemah. “Kok simbah ora
mrene-mrene ya? Waduh aku ditinggal iki,” sawise batin ngono kuwi, aku
bengok-bengok ngundang simbahku. Amarga ora ana sing nulungi, aku nyoba munggah
dhewe, tapi aku ora isa. Ora let suwe simbahku marani aku terus nulungi aku
munggah saka jero blumbang. “Gene ora isa munggah dhewe. Makane dadi bocah aja
mbeling-mbeling,” omonge simbahku karo nggeret awakku metu saka blumbang.
Sawise iku, aku terus basuh sikil karo tanganku, terus maem. Sawise maem aku
terus turu awan. Kira-kira jam 3 sore aku tangi turu. Pas tangi turu aku kaget
jebule pas aku turu kahanane lagi udan deres. “Weh, udan ta, blumbange kepiye
ya?” batinku karo ngingak-inguk kahanane ning jaba omah. Saking penasarane, aku
mlebu jupuk payung ning kamare simbahku. Wektu jupuk payung, aku weruh pakdheku
lagi nggodhog wedang. Weruh aku nggawa payung pakdheku takon “Arep nggo ngapa
payunge Yan?” Aku krungu pakdheku takon kaya ngono, tapi mung tak nengke amarga
aku wis penasaran banget karo kahanane blumbang mau. “Loh, blumbange ning
ngendi iki ya? Kok ora ana,” batinku karo mlaku alon-alon, wedi ndhak gejeblos.
Blusuk, sikilku ngidak panggonan blumbang mau. Awakku klelep, aku bingung ora
ngerti kudu kepiye mergane aku ora isa nglangi. Tanganku tak obah-obahke, aku
bengok-bengok jaluk tulung. “Tulung.... Tulung.... Ibuk... Simbah... Pakdhe...
Tulung... Tulung...” bengokku. Aku wis ora iso mikir sing liyane kejaba piye
anggonku bisa slamet. Kadi adoh aku delok pakdhe ku mlayu neng panggonku. Aku
ngrasa rada ayem amarga anggonku bengok isa keprungu karo wong omah. Tangan ku
ditarik karo pakdheku. Awakku rasane adhem, sirahku mumet, tangan karo sikilku
lemes, aku ra isa ngapa-ngapa. Tak delok simbahku mlayu nggawa andhuk terus
dikrukupke ning sirah lan awakku. Wektu iku aku ora isa krungu swara apa-apa,
kupingku ndengung. Ora suwe simbahku nggawakke aku teh anget, tak ombe teh mau.
Awakku wis krasa luwih kepenak sawise ngombe teh mau. Kurang luwih setengah
jam, awakku rasane wis penak, aku wis isa krungu swara-swara maneh. Ngerti aku
wis rada sehat, ibuku nggendhong aku, terus aku didusi nganggo banyu anget.
“Ealah le, le, dadi bocah kok kurang gawean ndeloki blumbang,” omonge ibuku
wektu nggendhong aku. Aku mung meneng wae, ora semaur apa-apa. Sawise didusi
aku terus maem sithik amarga dipeksa karo simbahku. Rampung maem aku ngombe
obat, ora let suwe aku turu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar