Manungsa inggih punika titah individu saha sosial. Manungsa kedah sesrawungan kaliyan manungsa sanesipun. Wonten sesrawungan, manungsa mbetahaken basa kangge gineman. Miturut Kridalaksana (2001), basa inggih punika piranti kangge gotong royong, srawung, saha pitepangan.
Ing donya menika kathah basa ingkang dipunginakaken dening manungsa menawi saweg gineman. Saben tlatah saha negari gadhah basa piyambak-piyambak. Ing Indonesia wonten kirang langkung wonten 500 ngantos 700 suku bangsa.
Basa Jawi inggih salah sawijining basa kangge gineman ingkang dipunginakaken dening tiyang jawi. Basa Jawi punika dipunginakaken dening tiyang jawi ing pawicantenan ing saben dintenipun saha kangge caos uninga dening sanesipun, pramila tiyang jawi punika mangertos pawartos ing saben dintenipun. Basa Jawi menika inggih salah satunggaling warisan budaya ingkang kedah dipunlestantunaken saha dipunjagi amargi menawi boten dipunjagi basa Jawi saged ical saking tlatah Jawi.
Basa Jawi gadhah hak ingkang sami kados dening basa Indonesia. Miturut UUD 1945, basa Jawi badhe dipunurmati saha dipunjagi dening negari, kalebet pemerentah nagari saha pemerentah daerah. Kejawi menika, tiyang mudha Jawi kedah nglestantunaken basa Jawi supados basa jawi boten ical saking pulo Jawi. Basa Jawi inggih gadhah unggah-ungguh ingkang luhur, utawi tata krama ingkang nedahaken budi pakarti ingkang ngangge basa punika.
Kala rumiyin basa jawi punika basa ingkang luhur, sadangunipun wekdal, tiyang ingkang ngangge basa jawi tansaya sekedhik. Samenika tiyang mudha ing pulo Jawi kathah ingkang boten saged ngginakaken basa jawi. Kadadeyan menika saged kalampahan amargi kathah budaya asing ingkang mlebet ing pulo Jawi mawi makena warni cara, salah satunggaling cara inggih menika lewat televisi lan sapiturutipun.
Basa gaul, basa asing, saha basa saremenipun piyambak (campuran Jawi, Indonesia, Inggris) ingkang dipunginakaken njalari basa Jawi langkung boten dipuemut-emut malih.
Tiyang sepuh ugi sampun boten migunakaken basa Jawi ing pawicantenan ing kaluwarga. Langkung kathah ingkang ngajari basa Indonesia saha basa asing dhumateng lare-larenipun. Basa Jawi, punapa malih basa krama langkung dipunsupenaken.
Kadadeyan menika saged langkung parah amargi pamanggih tiyang mudha menawi basa Jawi menika basanipun tiyang desa, tiyang kuna, utawi tiyang ingkang boten modern. Tiyang mudha isin saha gengsi menawi ngangge basa Jawi lajeng langkung milih ngangge basa Indonesia utawi basa asing. Kathah tiyang mudha jawi ingkang boten ngangge basa Jawi menawi saweg gineman, nanging mangertos menawi dipunajak gineman ngangge basa Jawi. Menika jalaran wiwit alit para tiyang mudha boten migunakaken basa jawi, malah ngangge basa Indonesia.
Tiyang ingkang asring migunakaken basa Jawi ing pawicantenan saben dinten, ananging asring kesupen ngangge tataran unggah-ungguhing basa. Kathah tiyang mudha ingkang boten mangertos sopan santun dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh, utawi ingkang kedah dipun urmati. Perkawis ingkang salah menawi tiyang mudha migunakaken basa krama alus kangge awakipun piyambak.
Globalisasi menika nuntut tiyang mudha kedah saged nguwasani basa ingkang global. Tuladhanipun basa Inggris ingkang dipunangge saben dintenipun ing kitha. Prastawa menika ingkang damel basa Jawi tansaya dipunlalekaken. Kathah faktor ingkang dados perkawis basa Jawi kirang dipunsinaoni. Miturut Ipung (2011), faktor-faktor ingkang dados perkawis inggih punika:
- Tiyang mudhanipun piyambak
Tiyang mudha rumangsa isin ngginakaken basa Jawi wonten ing pawicantenan saben dintenipun. Ingkang njalari tiyang mudha rumangsa isin saged amargi tiyang mudhanipun tepang kaliyang tiyang mudha ingkang inggih isin menawi nggunem ngangge basa Jawi.
- Faktor kaluwarga
Tiyang sepuh ingkang caos piwulang dhumateng larenipun, lajeng larenipun ngecakaken menapa ingkang dipunsinaoni kaliyan tiyang sepuhipun. Tiyang sepuh malah langkung remen caos piwulang dhateng larenipun ngangge basa Indonesia. Wonten tiyang sepuh ingkang malah caos piwulang dhateng larenipun
ngagge basa Jawi ananging menawi tiyang sepuh menika gineman kaliyan tiyang sanes malah ngginakaken basa Jawi.
- Faktor Pemerentah
Pemerentah daerah boten gatekaken adicara ingkang nuju dhateng pelestarian basa Jawi.
Masarakat Jawi menika kedah nglestantunaken budaya gineman ngangge basa Jawi. Sinten malih ingkang kedah njagi basa Jawi menawi boten masarakat Jawinipun piyambak. Ampun ngantos menawi basa Jawi sampun ical, masarakat saweg mangertos bilih budaya Jawi menika budaya ingkang adiluhung saha gadhah peran ing ndhasari saben tindakanipun tiyang jawi.
Ing lingkungan kaluwarga langkung sae manawi tiyang sepuh caos piwulang dhateng larenipun supados larenipun biyasa gineman ngangge basa Jawi.
Media masa inggih kedah nyiaraken adicara-adicara ingkang ngginakaken basa Jawi mliginipun ing tayangan lokal. Nanging muspra menawi peminat saking masarakat menika namung sekedhik. Pramila, para mudha kedah nonton adicara menika.
Cara sanesipun supados budaya Jawi tetep lestantun miturut Rahardjo (2001) inggih punika:
- Caos piwulang dhateng lare-lare. Cara menika inggih cara ingkang wigati, supados lare-lare boten nganggep basa Jawi menika basa ingkang kuna, saha supados lare-lare biyasa ngginakaken basa Jawi.
- Langkung kerep ngginakaken basa Jawi ing pawicantenan saben dinten supados boten klentu anggenipun ngginakaken basa Jawi miturut unggah-ungguhipun ingkang leres.
- Caos piwulang ing sekolah-sekolah. Menawi basa Jawi dupunwulang ing sekolah-sekolah, lare-lare saged nyinaoni basa Jawi kanthi leres saha trep.
Daftar Pustaka
Rahardjo, Maryono. 2001. Bahasa Jawa Krama. Jakarta: Pustaka cakra.
Kridalaksana, Harimurti. 2001. Wiwara Pengantar Bahasa dan Kebudayaan Jawa. Jakarta: Gramedia Pustaka Utama.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar