Kenalke
jenengku Bintang, aku arep nyritake pengalamanku wektu aku isih kelas 2 SMK.
Liburan sekolah wis teka, rencanane aku arep liburan karo kancaku neng pantai
Baron. Kancaku kui jeneng e Banu, wonge awake rada cilik tur rada ireng. Aku
ngrasa ra sabar banget selak arep liburan ning pantai banjur takon karo
kancaku. "Nu, sing lunga neng pantai dina apa ya?", "Ya sesuk
minggu ta," wangsulane Banu. "Kok ora sesuk Kemis wae ngopo? Aku wes
pengen banget neng pantai lho iki," takonku meneh. "Halah, mbok sabar
to, sisan nglumpuke dhuwit sek, dhuwitku ra cukup nek mangkate sesuk
Kemis," "Wah yo wis lah nek ngono, ayo saiki dolan neng omahku wae,
sisan leren-leren ngombe es klapa, panas-panas ngeneki ketoke seger,"
akhire aku karo Banu mlaku neng omahku.
Esuke aku
dolan ning omahe Banu arep takon apa wae sek kudu digawa sesuk pas ning pantai.
"Banu.. Banu.." "Mlebu wae, aku ning kamar," neng kono ana
bapake Banu sing lagi maca koran. "Nuwun sewu pak, kula badhe teng kamare
Banu nggih, " "O iya kana le, ket mau Banu ya mung neng jero kamar
kui, tak kon metu ra gelem," "Oo.. Nggih pak," aku terus mlaku,
mlebu neng kamare Banu. "Eh Nu, aku sesuk nek ning pantai arep nggawa
klambi 5, clana 5, andhuk karo cemilan, kurang ora ya kira-kira,"
"Lhah dalah, kowe arep neng pantai opo arep pikinik nginep neng pantai
je?" "Yo ora nginep lah, kan mangkat isuk bali sore," "Yo
wis klambine karo clanane cukup 1 wae, ojo akeh-akeh," "Jane aku yo
wis ngerti, aku kan yo mung arep ngetes kowe, kowe pinter opo ora," "Asem..
Kowe lali aku rangking 5 ning kelas?" "Rangking 5 seka ngisor
to?". Aku dolan ning omahe Banu nganti jam 12 awan.
Akhire dina
sek tak tunggu-tunggu wis teka. Jam 4 isuk aku wis ngampiri Banu ning omahe.
Tekan omahe Banu aku kaget, jebul Banu wis siap ning ngarep omah karo nggendong
tas. "Weh tak kira kowe isih turu je Nu, hahaha," eceku. "Bu,
kula kaliyan Banu badhe lungs wonten pantai Baron riyin nggih," ijinku
karo ibune Banu sing lagi nyapu plataran omah. "Iya le, ati-ati, dalan
ning Gunung Kidul bahaya, aja ngebut-ngebut ya," "Nggih bu." Aku
diboncengke Banu merga dheweke wis nduwe SIM. "Jam semene kok adhem tenan
to Nu, numpak e motor rada alon wae Nu, adhem tenan iki," "Nek
alon-alon tekan pantaine sesuk Tang," "Wah, yo wis lah sak karepmu
wae," wangsulan ku.
Kira-kira
wis 2 jam setengah anggonku numpak motor, nanging ora tekan-tekan. Aku takon
karo Banu kok durung tekan-tekan, tapi dheweke mung ngekon aku sabar. Akhire
aku wis tekan pantai sek tak tuju. "Akhire wes tekan, lhah iki pantai opo
Nu? Kok apik? Ketoke iki udu pantai Baron deh?" takonku karo penasaran.
"Yo pancen dudu pantai Baron, iki jeneng e pantai ngetun,"
"Pantes, ketoke pantai baron ora secilik iki karo ora eneng bukit
pandhange barang." Akhire aku karo Banu dolan ning pantai kui nganti sore.
Kira-kira jam 2 awan aku karo Banu mulih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar