Kamis, 26 Oktober 2017

Benthik



Benthik punika deling apus tutup ros, ing pucuk dipunobong sakedhik lajeng dipuniseni wedhi sakebakipun supados awrat, lajeng dipunsumpeli rapet, mawi janak kajeng gilig alit, panjangipun sacengkang.
Lare benthik mawi kekancan ingkang sami tandhingipun, ageng sami ageng, alit sami alit, utawi babag ageng alitipun, kadosta: lare sadasa kapilahan ngalih-ngalih dados gangsal rakit, tumunten adamel sala kawedhar, gangsal rakit wau pinalih dados gangsal sisih, inggih punika dados tandhinging mengsahan, lajeng kaundhi, ingkang kadhawahan undhi uthat rumiyin.
Uthat punika janak dipunselehaken ing selanipun banon tugelan jejer kalih, wiyaring gongganganipun namung sadeling ingkang kadamel benthik, tumunten katimbang ingkang sami wawratipun kaliyan pucuk benthik ingkang dipundekekaken ing ngandhapipun bongkotipun dipuncepengi ing tangan kalih, lajeng kalawataken kaliyan benthik wau dipuntampeni ing mengsahipun, menawi saged tetampen: pejah, menawi boten: benthik kapasang kaalangaken wonten sakiwaning banon, katuju ing janak, ingkang nuju nedha kagonggo utawi karapetaken kaliyan banon, punapa sasenengipun, menawi panujunipun kenging, mengsahipun lajeng uthat malih gentos gentos ngantos kaping gangsal, nanging menawi panampi sarta panujunipun lepat: pejah, mengsahipun lajeng wiwit odor, ambucal janak tebihipun kakinten sampun ngantos kenging dipunlumpati, lajeng dipuntalarong ing benthik, kentas sing janak males utawi gumulunging benthik pundi ingkang tebih punika pinilih dados watesipun odor ingkang kaping kalih, ngantos pejah lepat panujunipun, dipungentosi odoring kancanipun agentos gentos dumugi odor ingkang kaping gangsal, nanging menawi anggenipun ambucal janak kacelaken, kenging dipunlumpati, nama: dipuncengi, mawi dipunayati lumajeng saking katebihan, dumugi ing wates mancad siti kaserokaken bablas lumpatipun, menawi dumugi wates sisihipun: pejah, menawi cupet: taksih gesang sarta lajeng odor malih, mila lare benthik ngantos tebih purugipun, wangsulipun dhateng panggenan, ingkang menang dipungendhong dhateng ingkang kawon ilonipun saka wit piyambak piyambak ingkang babag ageng alitipun, inggih punika ingkang minongka toh, tumuntun ingkang kawon gentos ambucal janak agegentosan, menawi panampi sarta panujuning janak mengsahipun lepat, lajeng odor, nanging menawi tansah kenging, gentos ambucal janak, makaten salajengipun, pundi ingkang baud utawi begja: menang, kerep dipungendhong.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar